Jumat, 20 Oktober 2023

RONG PILIHAN

 Jemuah Wage 20 Oktober 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

Pangandharing Toret 17:14-20

Jabur 96:1-9

1 Petrus 5:1-5

“Besuk samangsa kowe wus lumebu ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, sarta wus kokejegi lan kokenggoni, mangka kowe banjur duwe osik: Aku arep ngadegake raja kang mengku marang aku, kaya sakehe bangsa kang ana ing saubengku,kang kokadegake dadi ratu ngamungna kang kapilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kang kokadegake dadi ratumu iku kudu saka ing satengahe para sadulurmu, ora kena wong bangsa liya kang dudu sadulurmu, kang kokadegake dadi ratu mengku kowe.” Pangandharing Toret 17:14-15

 

Jarene para winasis, urip iki pindha lelaku lan lelaku kuwi ya kudu obah-mosik seka papan siji menyang papan liyane. Jenenge wae lelaku, mesti ana kala mangsane dalan kang dilewati munggah-mundhunlan uga menggak-menggok,merga dalane ora lempeng.Uga sing kudu diwling lan aspada nalika dalane nyawang, ana pilihan, inga antarane mengiwa utawa menengen. Yen ora mangerti entering dalan,isa-isa salah dalan lan keblasuk ora tumeka marang ancasing ngaurip. Mulane, ing sakjroning lelaku, kudu tansah sinau cikben ngerti entering dalan kang bakalan dilewati, merga mesti bakalan ketemu kahanan dalan kang kinaranan RONG PILIHAN.

 

Babagan RONG PILIHAN kuwi nate kelakon ing jamane bangsa ngisrael, yakuwi nalika kapimpin dening nabi Musa. Cetha banget ana ing kitab Pangandharing Toret pitulas ayat patbelas lan limalas. Ing kana dicritakake babagan welinge Pangeran Yehuwah menyang bangsa ngisrael lumantar nabi Musa, yakuwi babagan milih ratu. Oiya, kanggo pangerten wae, ratu kuwi asale saka tembung RAT kang tegese dalan, dadi ratu kuwi wong sing wis ngerti dalan mula kapiji dadi pemimpin bangsa kanggo lumaku. Anane Pengeran Yehuwah meling lumantar nabi Musa merga menungsa kuwi senenge mburu kemaremaning kadonyan lan kuwi cengkah karo  kersane Gusti. Pirsa kahanan kang kaya mengkene iki, Sang Yehuwah meling, cikben mbesuk nalika milih ratu kudu manut angger-angger utawa prananate Sang Yehuwah. Okeh pepakon sing dicethakae dening nabi Musa, kabeh menehi gambaran babagan kersane Gusti.

 

Sing sesisih mesti menungsa anggone arp miji ratu uga nduweni  gegambaran kang manut karo “idealismene”. Babagan kaya ngapa idealismene, gumantung kahanan, ananging ing kene mesti ana cengkahing pilihan, antarane PILIHAN manut kersane Gusti utawa PILIHAN manut karep kamanungsan. Njur carane mbedakake piye? Mayar wae, merga wis diwenehi “kisi-kisi” dening Gusti. Kudu seka sabangsa, merga mesti luwih ngerti kahanane, kudu sing permana lakune uripe, ora malah numpuk raja-brana kadonyan sing sawra mewah, ora oleh nduweni bojo okeh lan sakpanunggalane, kuwi tinulis neng ayat-ayat bacute.Tegese, anggone bangsa ngisrael arep milih ratu kuwi mesti ngadepi RONG PILIHAN, lan aja luput.

 

Semono uga menungsa ing jaman saiki, anggone arep milih pemimpin utawa ratuning panguripan (eling ratu kuwi seka tembung rat..), ana RONG PILHAN, manut dhawuhe Gusti Allah apa nguja kemaremanng kamanungsan? Ndang ditaliti, sing cetha iki dudu perkara sederhana.

 

Salam Rahayu

Kyai Toe Pong Jie

Kamis, 19 Oktober 2023

PROPOKATOR

 

Kemis Pon 19 Oktober 2023

BENNGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

Para Hakim 17:1-6

Jabur 96:1-9

3 Yokanan 1:9-12

Aku wus nulis sathithik ana ing layangku marang pasamuwan, nanging Dhiotrefes, kang ngarah dadi pangarep ana ing antarane, iku ora maelu marang aku.Mulane besuk satekaku bakal dakwelehake kang dadi panggawene, anggone crewet ngala-ala kanthi tembung-tembung kang kasar marang aku kabeh, lan ora trima mangkono bae, malah nganti dheweke dhewe ora mung ora gelem nampani marang para sadulur kang teka bae, nanging sapa kang arep nampani wong-wong mau padha dicegah, sarta disebratake saka ing pasamuwan.” 1 Yokanan 1:9-10

 

Sing kinaranan PROPOKATOR, yakuwi pawongan kang tembung-tembung lan tumindake nduweni tujuan ajak-ajak. Sejatine yen manut tegese tembung, ora ana sing apik lan ala, mbalik marang ancas utawa tujuanne. Ananging yen ing jaman saiki, yen krungu tembung PROPOKATOR mesti sing njedul neng pikiran bab sing ala, sing ora becik,paling ora ngener marang tembung lan tmindake paawongan kang ngajak tumindak ala. Yen ana sing ajak-ajak tumindak apik,arang kinaranan PROPOKATOR.

 

Crita bab PROPOKATOR kang nduwni arti negatip ya ana neng kitab suci,malah kayane ya okehe ngeram. Kaya kang tinulis ana ing layange rasul Yokanan kang kaping telu bab siji ayat sanga tekan sepuluh. Neng kana dicritakake bab pawongan kang jenenge Dhiotrefes, sing panggaweane ngojok-ojoki liyan, malah pasamuan cikben melu kang dadi kekarepane. Lha apa kang dadi kekarepane? Ngala-ala pakaryane rasul Yokanan lan kanca-kancane, pokoke kabeh sing diayahi rasul Yokanan lan kanca-kancane ora ana sing apik, lan ora mung ngelek-elek malah luwih ngeri, ngojok-ojoki pasamuan cikben nampik kanca-kancane rasul Yokanan. Kayane sengite Dhiotrefes marang rasul Yokanan lan dibarengi kekarepan ngwasani pasamuan ndadekake deweke milih dalan dadi PROPOKATOR kang ala ana ing sakjroning uripe.

 

Lha apa ing jaman saiki ya jik ana kang nduweni penemu lan tumindak kaya Dhiotrefes? Hehe, kayane gen DNA ne Dhiotrefes ora sansaya suda, malah sansaya ngrembaka. Ing kana-kene okeh sing dadi PROPOKATOR ala, ora mung neng donyaning pulitik, ananging ing donyane kasukman utawa keagamaan ya sansaya okehe ngeram. Pokoke yen wis ora seneng utawa sengit karo pawongan, dadia banyu wegah nyawuk, dadia godong wedah nyuwek, sakabehe ala lan ajak-ajak liyan nyengit lan nampik, dadi PROPOKATOR. Njur piye sikepe marang para PROPOKATOR kuwi? Dielikake yen gelem, yen ora gelem yaw is, ora usah diwales nganggo perkara sing padha, didongakake cikben ketemu dalane cikben eling.

 

Para sedulur, urip neng ngalam-donya iki kalodangan kanggo tumindak becik, dudu kalodangan kanggo tumindak maremake klangenan kamanungsan. Apa wae kang ancase nguja kekarepan kamanungsan ,kuwi mesti natoni liyan, mbuh kuwi tumindak utawa tetembungan, mulane dieling lan waspada, apa tumindake awake dewe kuwi wis pener apa durung, kinaranan PROPOKATOR kan becik apa malah PROPOKATOR kang ala? Kabeh sing isa mbiji dudu liyan, ananging diri-pribadine dewe-dewe.

 

Salam Rahayu

Kyai Toe Pong Jie

FIKSI Di Malam PASKAH